Memahami Indonesia #9 Zaman Kolonial

Memahami Indonesia #9

Jaman belanda. Opoyo awakmu reti? Awakmu durung lair. Durung ono. Paling2 awakmu reti kuwi seko wacanan. Mugur seko wacanan kan? Mugur moco2 opo to ndeleng vidio-vidio jaman sak mono. Opo yo ndeleng-ndeleng poto2. Nanging jamanmu wis jaman merdeka.

Wis jaman kepenak.

Mbok pikir, tahun 1945 Masehi kuwi wis merdeka total. Indonesia kuwi wis enak-enakan. Durung. Muguro jaman sak mono, wis ono toto aturan sing diarani negoro anyar.

Opo kuwi negoro? Yoiku kumpulan wong okeh sing arek merdeka. Kumpulan wong okeh kuwi arep2 pengin merdeka. Alias ogah dijajah seko wong sing njajah.

Ndek jaman semono kuwi, nang nusantara kuwi yo isih ono Kerajaan. Isih ono siji loro. Tapi, yokuwi, kerajaanne kuwi kalah kuasa kambek wong londo. Wong londo yo mestine wong belanda, wong-wong VOC.

Ceritane kan ngene:

Mulo-mulo wong VOC kuwi dagang. Soyo suwi organisasi dagang iki. Ikiloh organ (awak)-organ sing garai VOC kuwi hebat. Mergo dagang wong VOC iso nentuake barang (maksute opo2 sing arek di dol), mulane ngongkon wong2 kon nandur iki-iku-ikoh. Pertama2ne yo dol-dolan klutuk.
Soyo suwi iso ngatur barang. Seko ngatur barang, dadine iso ngusani barang. Seko nguasani barang, iso ngendalike pasar.

Mulane ndek jaman 1900 Masehi tambah mentereng filsafat-eksistensialisme ditambah filsafat-materialisme (tokoh sing terkenal Karl Mark. Tulisane judule Kapital. Intine buku2 tentang gerakan sosial sing nggugurake perkoro kapital. Perkoro kapital kuwi wong2 sing gedi-gedi. Wong gedi kuwi iso wae sing dueni pabrik2. Tulisane Karl Mark iki okeh mbahas soal ekonomi, soal pengupo jiwo) selain kuwi, bangsa londo alias Eropa pas jaman semono wis maju perkoro sains, perkoro ilmiah, nah mergo kuwi jugalah wong2ane ndueni aturan plus sistem sing kuwat.

Lha ndek jaman semono, wong-wongan nusantara isih kentel nuansa agama, religiuslah; njuk ora pateo terlibat karo keikutsertaan sejarah yang duowo.

Eropa kuwi, ikut terlibat karo sejarah keberadaan sing duowo. Diantarane, kronologi kekuaasaan. Deleng neh kronologi sejarah... bahkan biyen2ne islam mbarang (yang berstatuskan agama islam) melbu seko keterlibatan. Sing direbutake: kekuasaan tertinggi di dunia. Kala itu, islam (atas nama keislaman) pernah jaya super mentereng di dunia. Di kenal dan moncer. Mergone Kerajaan islam kuwi gatok karo Eropa.
Terus mudun. Nah seplok mudun kuwi, mulailah perlahan2 ono kerajaan demi kerajaan.

Perang dan terus perang. Paten2nan demi kekuasaan. Lalu mandeg, jeda, sesaat. Kolonialan pun terjadi.

Nusantara pun menjadi bagian targete. Alasane subur lemahe. Subur alame.

Mergo kuwilah alon2 mulai pingin ngadekke negara. Negara ngadek, nanging menyisahkan bekas2. Kerajaan demi kerajaan. Selain kuwi, ceritan demi ceritan; bekas benda, alam plus liyan2ne.

2019

Belum ada Komentar untuk "Memahami Indonesia #9 Zaman Kolonial"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel