Rampungake Kuliahe, Ilmu Kui Perkoro Lain

Wis to, rampungke sek kuliahmu. Bar kui sak karepmu arek berpola piye, Fik. Sing penting, rampungake disek kuliahe. Turuti opo sing dikarepi kampusmu. Wis to ngunu wae. Turuti opo yo sing dikarepi kampusmu. Ojo diangel-angel perkoro skirpsi, ngandelo omonganku, ilmu kui nang jaman iki, perkoro lain Fik.

Ilingo, ilmu kui nang jaman sak iki, kui perkoro sing lain.

Sebabe meneh, jaman iki sing dibutuhake kui gelar, utuwo ijazah. Ngunu kui wis umum nggo jaman saiki. Wong buru-buru ngolek ijazah sing tujuane nggo kerjo, nek wis kerjo areppe ngumpulake duet sing okeh, sarbare kui iso lungo menyang mekah, utowo pelsiran, utowo maneh nggaya-ngayaan numpak mobil utowo motor, utowo nggo sandang-sandangan sing apik-apik. Ngunu kui kan jamane sak ini?

Jaman sing wong uwis moto duiten. Uwong podo gegap-gempita karo sing arane kepenak. Opo-opo pengine sing kepenak. Opo-opo pengine sing instan. Opo-opo pengine sing cepet. Ngunu kui kan jamane sak ini?

Awa’e dewe ngene iki, gak iso protes, Fik. Pancene wis ngunu jamane. Arek kepiye maneh? Arek dibaleake meng jaman biyen? Yo rak iso. Arek nerimo koyo’o jaman biyen: ora iso? Arek model pengajaran koyo’o jaman biyen? Sing mugur mengandalkan kehebatan gurune? Model pengetahuane model tradisional koyo pondok pesantren kabeh: Pak Yai mocoaken kitab, terus murid ngaksarai. Terus murite ngelakoake opo sing didawuhi Pak Yai. Pancene ngunu kui isih ono, isi okeh, malah nang jamane koyo ngene, akeh pesantren, malah-malah tambah okeh, sebabe opo:

Nang jaman modern kui, seko tambah moncere pengetahuan, kegaduhan plus kerusuhan, plus kerusakan moral, merosote aklak plus galaue manungsane tambah okeh. Sebab ditenet perkoro kedunyan. Di tenet mbayar iki-iku, ditenet tuku iki-iku. Mulane awakmu saiki, kudu njajal maneh sing wong-wong tuo mbiyen kandani, tirakat. Ojo klalen karo poso. Koyone pancen perkoro gampang, nanging nggon jaman saiki, perkoro kui dadi abot tur nambahi okeh faidahe.

Sebabe akeh godaan, mulane poso kui tambah ces pleng.

Sebabe zamane serba kenafsuan, mulane poso kui tambah jos tenan.

Kui wae nek awakmu iso njogo awakmu dewe, nek angel, yo ojo diangel-angelake. Pancene ngunu kui koyone perkoro gampang, nanging yo nggak biso digampangake.

Saiki mbalek maneh perkoro kuliahmu. Wis to, pokokmen—iki nggo tembung pokok lho, Fik—endang-endango di rampungake kuliahmu. Manuto karo system. Dinyek gak opo. Sing penting entuk ijazah. Nek wis entuk ijazah, sak karepmu. Sebabeb awakmu wis kadung nyemplung nang nggon system ilmu, mulane, nyemplungke sisan. Perkoro awakmu arek kuliah maneh, iku keri. Engko, nek awakmu wis rampung nggon kuliahmu iki. Wis yo, ojo protes-protes (terkhusus pemikiranmu sing protes ngene iki: nang jaman iki, ketone nang nggon ‘ijazah’ kae, akeh wong pinter. Nanging nek ditakoni, kok yo kedandapan. Opo maneh nek pikanonane kui ndadak, mestio ‘nilai’ kae, mugur pajangan beloko. Atau ngene ini: aku isih membayangke sak asline wong-wong Indonesia kui, bukane akeh sekolahan sing nggo jeneng islam. nek kabeh pelajare kae ‘sadar’ temenan karo islam, mestine mejid-mejid rame. Tur keoloan-keoloan sing biasane mencorong nang berita-berita kae gak ono: korupsi, maling, zina, mabuk-mabukan. Ditambah maneh, gak ono perbedaan kelas-kelasan manungso: onone manungso kui saling membantu satu sama lain, saling mendukung satu sama lain.) nggo perkoro sing kui uduk tanggung jawabmu. Ilingo, tanggung jawabmu kui: ngerampungake kuliahmu. Nanging, ojo kelalen karo sinau yo. Ilingono: sinau kui gak ono rampunge. Sinau kui gak mugur moco buku, Fik. Sinau kui gak mugur moco alam, Fik. Sinau kui gak mugur moco awa’e dewe, Fik. Maksude, ojo didangkale tembung ‘sinau’ sing intine mboco. Sebabe, moco kui ora mugur moco tulisan. Ngunu yo…

Belum ada Komentar untuk "Rampungake Kuliahe, Ilmu Kui Perkoro Lain"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel