Jamane Gelar-Gelaran



Saiki pancen jamane gelar-gelaran, nek gak ndue gelar, kesane wong bodo, Fik. Nanging awakmu ojo kepencut marang sing koyo ngunu. Gelar kui ono sing tenanan ono sing etok-etokan, artine ono sing mugur arep entuk gelar, munggohe awakmu, nek iso yo ngalap ilmune mbarang, dudu gelare tok sing nempel marang awakmu. Nanging kudune yo karo ilmune. Sebabe, isih ono Fik, sing gelar kui pancen tenanan kanggo ilmu. Artine isih okeh wong sing temanan seko gelar kui. Ora mugur nilai sekedar nilai, nanging nilai sing temenanan dadi nilai. Ngandelo, wong-wong muslim isih akeh sing temenan perkoro ilmu kui, Fik. Ono sing tambah munggah ilmune tambah jos amale: ngunu kui isih okeh, Fik.



Awakmu ojo mikir sing wong bodo-bodo, utuwo wong-wong sing mugur isone nyandang gelar. Artine, gelar kuduo di entuake. Awakmu kudu nyawang wong-wong sing temanan munggohe ilmu. Pancene, jaman saiki okeh sing sekolah mugur sekolah tok. Akeh sing sekolah mugur ngarepake ijazah, terus bar kui arek ngelamar kerjo. Ngunu kui yo okeh. Nanging sing ora ngunu kui yo okeh, Fik.



Nek saiki okeh wong muslim, sing uteke kepencut karo ndunyo, yo kui wajar to, Fik. Pancene jamane koyo ngunu, koyone kabeh-kabeh wis dadi kepencut marang ndunyo, nanging kui yo gak kabeh fik. Ilingo, ngunu kui gak kabeh. Sing penting ngene iki, Fik. Tujuane wong urip nang ndunyo iki opo tah? Wis yo nek jawabane, tujuane ngerumati awak-awakan sing kudu dipakai, sandangi, terus dipapani. Ngunu kan, urip nang ndunyo.



Manungo kui kudu nyambut gawe, tujuane ben iso mangan. nanging kadang, wong nyambut gawe ono sing nggo coro apik, ono sing nggo coro olo. Ono sing carane mulus, ono sing carane angel. Ngunu kui kan? intine maneh, manungso kui, tiap-tiap awak-awakan, kuduo nyambut gawe. Perkoro sing disambut gaweni kui sui-sui tambah aneh-aneh, tambah neko-neko, kui wajar. Sebabe jamane kui mestio jaman maju, mlaku meng ngarep. Tujuane maneh, ben manungso tetepo dadi manungso.



Saiki mbalek mareng gelar, Fik. Gelar, nggo jaman saiki, wis wajar tenan. Sebabe, sekolah-sekolahan jaman saiki, mesti entuk gelar. Seko gelar kui kan entuk ijazah, nah seko ijazahe kui nggo ngelamar kerjo. Pancene wong tambah tuo kui wong sing iso kerjo. Kerjo ben entuk duet. Terusane nek wis entuk duet, nggo belonjo. Keperluan dapur terus kebutuhan sehari-hari. Nggo tuku bensin, nggo tuku sandangan, nggo jajan anak-anake, terus nggo ngei anake nek pas mangkat sekolah. Tujuane sekolah kui, ben cah-cah kui pinter. Sing diarani pinter kui, nek bocah kui nuruti marang gurune. Sing diarani nuruti marang gurune kui, mengerjakan opo-opo sing diperintah mareng gurune.



Lha jaman saiki kan, guru mundak okeh. Gak koyo jaman mbiyen. Jaman saiki, kui jamane sekolah-sekolahan. Lha terus kepiye menyikapine?



Ilingono, perkoro arek kepiye-kepiye jamane, tetep wae, wong-wong kui senenge marang wong-wong sing pinter. Ukurane pinter kui, apalane. Mulane, nek pas ujian kui, okeh sing apalan. Seplok kui, munggah maneh sekolahe. Sui-sui, bocah kui mudak gedi. Mundak due senenge dewe-dewe. Mundak seneng marang lawan-jenise. Mulane, anjurane ulama-ulama mbiyen, nek pas wayahe nggolek ilmu kui, tenanan nggolek ilmune. Yo kui, ojoo kepencut marang dunyo, tetepo lurus nang nggon ilmu; opo maneh kepencut karo lawan jenise. Enggo nek mangsane dewe, wis tambah tuo, barulah nggolek kancan (sing saiki diarani kencan: asline yo kancanan), kancanan nggo urip bareng. Mulane, jaman biyen kui modele dijodohake. Ditemuake. Gak koyo jaman saiki. Gayane cinta. Hehe. Gayane cinta. Padahal iso wae, kui mergo nafsune manungsone. Terus ngunu kui, alasane cinta. Nek wong lanang seneng marang wong wadon kui yo wajar. Ngunu mbarang sebali’e.



Nek wis urip bareng, mulane podo’o nyambut gawe. Opo wae penyambut gawene. Sing penting nyambut gawe. Nggo ngerumati urep bareng. Mulane nang nggon ajaran islam, gak ono bedane wong sing sugih karo wong sing miskin. Kabeh mangungso kui, ukuran iman, ngunu kui manut ajaran islam.



Lha saiki, jamane kui, wis tambah modern, Fik. Uripe bocah-bocah wis podo sesrawungan: bocah-bocah nduweni kesempatan nggo cedak-cedak marang lawan jenis. Bocah-bocah nduweni wektu nggo seneng-seneng, pancene memang nggolek ilmu, nanging ono kesempatan nggo seneng-seneng, mulane okeh bocah pelajar sing ora bener. Sebabe, system pendidikan kui sui-sui tambah kenceng, tur bocahe hurung pateo siap nggo system pendidikan. Nek ngaranku, system sing mandang pas kui, koyoo sisteme sing gagas marang Ki Hajar Dewantara. Nanging soal pelaksanaane, yo kui: Mandan angel.



Di tambah maneh ngene iki:


Nek mbiyen, sak durunge jamane kemerdekaan, wong luru ilmu kue tenanan. Tapi nek jaman saiki, wong luru ilmu kui, mergo dikongkon wajib luru ilmu. Padahal, awake urung pateo siap luru ilmu. Nanging, siap ora siap kudu luru. Meneh-meneh dipekso nggo ilmu formal, di tambah meneh kon ngaji. Malah-malahan, nek wis mulai SMP, ngajine podo liren. Gayane wis isin, wis gede, wis pinter. Ditambah meneh: pelajaran-pelajaran sing dibelajari nang nggon pengajian non-formal kui, ora sepaham karo pelajaran sing nang sekolahan. Akhire, perkoro ilmu agomo koyo’o misah marang ilmu formal. Ditambah maneh, tuntutan sing gedi nang wong-wonge, mbuh kui guru agomo sing gumede, utowo pancene jaman sing mudak angel, sebabe, nang jaman iki.



Era globalisasi, era teknologi, era informasi, era transportasi, menuntut manusia untuk lebih kenceng maring materi. Mulane, nek awakmu nyampeake agomo, utowo melaku, intene ikhlas lilahita’ala. Ojo’o mekso-mekso. Ati-ati marang nafsumu cah. Ditambah meneh, sing mandan penting iki, Fik: iki jamane gelar-gelaran, Fik. Dadio awakmu yo mesti kudu dueni gelar, ben awakmu is gelari opo sing dadi gelaranmun. Ngunu yo…

Belum ada Komentar untuk "Jamane Gelar-Gelaran"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel