Sajak-sajak Hidayat Tf

Sajak-sajak Hidayat Tf
Haidar Buchori


Sebuah Keadaan


Awakmu adoh karo awakku

Arek tembung kangen tapi awakku ora endang moro nang awakmu

Ora tembung kangen tapi awakku pengin ketemu

Ketemu sing ora jelas tujuane, kecuali mugur ketemu

(kui koyo gombal pancen, tapi ‘keadaan’ di dalam diri; koyo ngunu cah)



Kadang aku takon-takon dewe: Laopo kudu arek ketemu awakmu?

Arek jaluk opo nang awakmu?

Opo yo sing asli temenan arek tak jaluk mareng awakmu?


Koyone nek ilmu, ket biyen aku rak tau ngobrol njaluk

Koyone nek ilmu, ket biyen bahasan sing metu, jarang ngobrol ilmu

Koyone nek ilmu, ket biyen bahasane mugur diskusi

Ngobrol, ngalor-ngidol, nanging atiku seneng



Sebabe awakku kui ngeroso ono.

Awakku persis ono.

Sebape, nek nang jobo—nek ketemu marang liane—

Koyo-koyone awakku orak dadi special

Nanging nek pas ketemu marang awakmu

Awakku dadi special.



Kuilah sing marai aku pingin moro nang awakmu Terus-terusan.


Tapi saiki, awakmu sibuk, sibuk temenan

Opomaneh sak iki uwis angel dihubungi

Jawabmu, sibuk, sibuk, sibuk

Opomaneh, bahasanku, tambah sui, tambah garing

Mugur-muguro nek telpon, tembunge:

Kangen-kangen-kangen. Tapi awakku gak tau moro nang awakmu.


Aku sebel karo keadaanku, keadaan mikirku, tapi piye maneh.

Tak usir-usir awakmu nang pikiranku, malah tambah moro.

Tak usir-uisi awakmu nang pikiranku, malah tambah nali.

Koyo-koyo, aku wedi kilangan marang awakmu, kilangan marang sosok awakmu, nang njero pikiranku.


Byuh… byuh… uripku dadi’e ngene, seplok ketemu marang awakmu.

Terkesan ndueni konco, sing kui, seko pikiranku, mbayangke awakmu: mbayangke kedadian sing wis melaku.


Nek awakku ora ketemu karo awakmu, opo yo ngene iki kedadiane?

Sing jelas, awakku wis ketemu karo awakmu, kuiloh nyatane, asline.


Jarak

Asline nang jaman kemajuan iki, opolah artine jarak?

Jarakku karo jarakmu kui orak adoh-adoh tenan

Opo maneh ono pesawat, opo maneh ono video call

Jan-jane opo sing ndadeni koyone adoh:

Padahal, peraupanmu koyo-koyo nempel tenan nang mikirku

Sebabe, gambarmu tak dadeake wallpaper nang laptopku

Nek awakku angel ngolei awakmu, tak sawang maneh gambarmu

Dadine sak-tenane awakmu kui cedak tenan karo awakku

Sing arani cedek kui, awaku iso weruh marang awakmu

Tapi, tapi, kadang mbarang: aku yo isih pingin telponan

Pingin krungu suaramu, muguro krungu suaramu



Ya Allah, nang jaman ngene iki, isih ono yo bocah sing modele kangen karo gurune. Mending nek kangen terus moro.

Nelpon.

Jan, jan, jan.

Mending nek ngomonge perkoro ilmu: lha iki, perkoro pingin krungu suarane.

Jan, jan, jan.

Mending nek karo cewe’e: lha iki, karo gurune.

Ya Allah, nang jaman ngene iki, isih ono yo bocah sing modele kangen karo gurune. Kangen mugur karo suarane.


Jawabku, awaku yo ngerti ngopo yo kudune dadi koyo ngene

Dadine ono puisi-puisi nggo awake de’ne; puisi sing kui nyurahake asli suara diri, nggo awak de’ne, terus dipantulake nggo awakku.

Sebabe, awakku yo rak pateo ngerti: opoyo puisi-puisiku di woco,

Nanging mikirku: aku rak perduli, puisiku di woco opo ora? Sing tak perdulike kui, kangenku. Roso kangenku, wadul marang awak’e de’ne.


Iki mriangku. Iki penyakitku.

Seko awak’e de’ne, awakku tambah mari.

Iki mriang sing doktere de’ne. dudu mriang rogoku, nanging utekku.

Iki miring sing de’ne obate, mulane awakku nulis nggo awak’e de’ne.


Mergo jarak, puisi-puisi metu: suara hati ndongol, dadi kata

Sekedaran perwakilan, suara hati sing tenanan. Sing asline,

Gak cukup-cukup diungkape nang tembangan.


Mergo jarak, dadio puisi-puisi kangen:

Kangen sing ganjil, dilaporke marang de’ne

Mantul nang awakku, dadio awakku sing moconi

Dua, tiga kali, bahkan iso dadi lebih,

Sing kui ngobati, penyakit sing nang njero ati

Utowo penyakit sing ndulusup nang utekku,

Ngunulah suaraku, suara sing gagal nek diucapke

Terkesan wagu nek omongke, dadine,

Ya ikilah puisi-puisi: babakan kangen

Utowo keinginan ndongalake ‘sesuatu’ sing angel diucapake.



Kejelasan Urip

Sui-sui uripku ketoe tambah gak jelas temen

Temenan gak jelas, kecuali mugur dadi pelajar

Pelajar kui sing jelas, jelas tenanan

Sayange awakku gak pateo jelas dadi pelajar

Sebabe saiki awakku wis mondar-mandir ning omah

Mondar-mandir gayane turut mikirake

Manungso-manungso umum, manungso okeh

Padahal, ngurusi awakku dewe, kewalahan

Mulane okeh tembang-tembungku

Ngurusi awakku dewe. Ngurusi awak-awakan.



Nek ndeleng meneh asal-usul manungso pancene ngunu

Manungso kui uripe dewe-dewe

Sekaligus ngumpul marang kancane

Ngumpul marang liane: ngunu kuilah manungso.



Nek diamati meneh, uripku kui yo jelas tenan

Gak ono sing kabur

Gak ono sing samar

Uripku kui yo jelas tenanan



Gampange omong:

Cah bujang sing isik luru ilmu

Cah bujang sing durung mbojo

Cah bujang sing durung nyambut gawe

Kerjane tentune yo durung ono penyambut gawean

Kecuali isik luru ilmu

Ilmu nggo urip sing tenanan

Nggo urip sing jelas temenanan

Yo kui sing jelas kedudukane

Belum ada Komentar untuk "Sajak-sajak Hidayat Tf "

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel