Sejarah Manusia di Wargomulyo

Sak-aseline ngene iki kurang pateo penting nang gon jaman saiki, terlebih khusus kanggo awakku, kudune wektuku disibuake nggo sesuatu sing nang nggon arah ilmu ben cerdas utowo nggon arah materi. Maksute perkoro sing entuk duit. Dudu sing ngene iki. Opo maneh ngomongake manungso sing nang wargomulyo, tambah-tambah ora ono hargane. Ora ono duite. Lha piye jal? Sopo sing arep mbayar tulisan sing koyo ngene iki, perkoro ndeso, perkoro manungso nang wargomulyo. Opo maneh perkoro sejarah. Wis ngene wae, tujuanku nulis iki, nggo menaake awakku belajar filsafat manusia. Sejarah keberadaan manusia. lalu ilmu-llmu yang berkaitan dengan pengetahuan manusia (epistemology), terus nilai dari kemanusiaan itu sendiri (aksiology), nek isih mbahas sejarah keberadaan, maka kui melbu nang panggonan ontology. Ngunu kui lho lah, kuliah nang nggon filsafat.

Kembali ke focus:

Nek mengamati sejarah menungso nang wargomulyo, iku terkesan agak gampang, sebabe ngene: wong wargomulyo kui akeh-akehe menungso soko njowo. Ngunu. Terusane manungso-manungso pertama nang wargomulyo kui wis due mbojo, malah bahkan ono sing due anak. Pas pindahan kui, wong-wong tuo kae, sibuk nang gon tebang-tebangan. Kui nyambut gawene. Sekedar petani, atau disambi karo berkebun; yokui nandui opo wae sing iso manen: nandur gedang. Nandur kelopo. Nandur gandul. Nandur lombok. Sui-sui manungsone tambah okeh, soale wong sing wis Mandan mapan, njukui dulur-dulure, sebabe maneh; nang njowo kui, nang zaman 1930 an, utowo 1920 an masehi. Njowo wis diupleki nang nggon politik. Politike yo kui, kerajaan nang wong jowo dewe di tambah maneh nang nggon era kompeni. Dadine usaha-usaha utowo uripe kui, Mandan sibuk nang nggon ngunu-ngunu kui; luwih-luwih nang njowo kui penduduke tambah rame.

Lha sak iki ditakoni maneh, lha wong-wong tuone kui soko ngendi? Tentu wae soko bapak-mamae.

Lha terus, bapak-mamake soko ngendi? Yo, bapak-mamake maneh.

Nek arah pertanyaan ngene iki: darimana asal usul manusia jawa? jawabe, maka nang nggon bab sejarah. Nang gon panggonane asal-usul menungso nusantara. Artine ndelok nang nggon sejarah maneh tentang nusantara. Sing direteni kui, manungso nusantara iku, ket biyen wis ono kerajaan demi kerajaan, sing system di enggo yo kui kerajaan hindu utuwo budha. Sekitaran tahun 600 Masehi, yo iku abad pertengahan.

Nek nang nggon eropa, abad pertengahan kui, isih moncer-moncere jaman teosentris. Pemikiran yang difokusake marang ketuhanan. Yo kui, pemikiran sing kemasukan oleh ajaran agama. Sak durunge, uwong eropa ora ngunu. Uwong eropa melu gelombang jaman yunani. Lha pas nabi isa as ono, kui sing marai uwong-uwong romawi melbu agomo nasrani. Dadine, nang eropa mulai rame perkoro agomo, yokui agomo nasrani.

Sementara kui, pas sak mono, jaman 600 masehi, nusantara isih jamane kerajaan hindu utowo budha, nabi Muhammad saw, mulai melebarkan kekuasaan islam, malah terus-terusane sampai juga pada eropa. Nah, pas mulai tambah moncer-moncere agomo islam, melu kene efek juga penduduk nusantara, sehinggane uwong-uwong nusantara ono agomo islam. coro melbune, ono sing ngomong seko dagang wong jazirah arab, ono maneh sing ngomong seko india.

(lho… lho… lho… kok nyampe tekan eropa dan jaman 600 masehi, padahal ngomongake manungso wargomulyo. Jawabku, lha kan ngomongke manungso wargomulyo: asale soko tanah njowo, terus seko ngendi wong njowo kui. Mulane tak njeltreake marang sejarah sing duwo. Sebab maneh, aku kan pelajar filsafat. Hehe)

Nah seko india kui juga agomo hindu budha, sebabe agomo kui, melayune meng arah Hindustan. Sebab asal-usule aran agomo hindu, iso awakmu golei ndewe. Intinya, seko india. Ngunu kui gejala seko pemikiran-pemikiran sekok india. Nek pemikiran-pemikiran soko timur tengah, kui agama yahudi, nasrani, islam. nek seko timur cina, pemikiran-pemikirane membentuk agama-agama, sebangsa konghucu, confusius, zen, dan kanca-kancane. Nek wong barat kui terkenal pemikiran-pemikiran filsafate, yo kui landep nang nggon miker. Landep nang ngon ngakal. Landep nang nggon rasio. Nek seng mau kae, landepe nang arah ‘roso’ utuwo batin. Awakmu iso ndelok ngunu kui, nang pilem-pilem klasik soko cina, india, eropa, arab. amati tenanan, perkoro sing melatar-belakangine. Amati tenanan gerak-gerik agomone. Pasti ono penyembahan-penyembahan. Ono ritual-ritual agomo. Ngunu juga nang nusantara.

Seko agomo hindu-budha, terus kelebon islam, ditambah maneh, alame subur, tanahe mancur, wit-witan subur. Piye nek wes ngunu karaktere manungso nusantara? Ditambah maneh sering ono bencana alam: banjir, panas, gugur gunung, gunung meletus, dan hewan-hewan rimba. Piye nek wis ngunu karakter manungso nusantara? Awake dewe iso biji dewe, mergo dewe juga manungso keturunan nusatara.

Dewe mbarang keturuanan wong tuo-tuo mbiyen. Opo maneh ndeleng wargomulyo, sing keberadaan manungsone seko tahun 1930 Masehi dan saiki 2018 masehi. Berarti kan, umur manungso nang ndeso wargomulyo kui 88 tahun. Umur 88 tahun, maneh-maneh ngunu kui ono jalinan keluarga. Jalin menjalin kekeluargaan. Bahkan dusun Kediri pun jalin menjalin kekeluargaan; pokoe sopo? Mbah Kaji Toha. Mbah Kaji Toha soko ngendi, soko Kediri Jawa Timur.

Wis lah ngunu ndisik. Okey.

Belum ada Komentar untuk " Sejarah Manusia di Wargomulyo "

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel