Modernitas Wargomulyo


Seplok kapan yo modern kui melbu ning Wargomulyo?


Jawabku, modern kui maksudmu kui opo? Perkoro mesin-mesin, perkoro teknologi, perkoro kendaraan-kendaraan: opo maksudmu modern kui tah? Sebabe, nek awakmu rajin moco (ilingo ngendikane Quran, Ngendikane Gusti allah: Moco’o kelawan nyebut asmane gusti allah) mestio awakmu reti nek tembang-tembung ‘modern’ kui wis ono seplok jamane Filsuf Rene Descartes nang eropa, yo kui sekitaran tahun 1500 Masehi. Tahun semono kui wis di arani modern, lha pitakonmu ‘kapan yo modern kui melbu nang wargomulyo?’ padahal awakmu yo wis ngerti nek wargomulyo kui diarani Wargomulyo, seplok tahun 1935 Masehi. Bayangke lho cah, sewu sangang ngatus telung puluh limo masehi: byuh… byuh… byuh… jaman semono kui nang Eropa wis diarani jaman postmodern cah… cah… yo kui gegap-gempita urip mergo kemajuan teknologi, kemajuan sains. Kui nang Eropa, nang Mesir yo koyo ngunu, nang Turki yo ngunu, Nang Mekah yo ngunu. Sebabe opo? Lha wong islam kui wis tahu ‘ngusani’ dunyo cah…cah… pusate nang ngendi? Pusate nang Bagdad. Bagdad kui nang Irak. Jamane sopo? Jamane Dinasti Abbasiah. Sopo rajane? Yo kui Harun Ar-Rasid, diterusake marang puterane, Al-Makmun: boco maneh sejarahe cah.. cah.. apalagi jaman koyo ngene iki, jaman kuota, jaman ilmu wis mbelarah, jaman akeh wong sing pinter nanging sing sering yo minteri, sing sering yo ngelanggar pintere dewe. Malah-malah, kakean pinter dadine pinter-pinteran, dadine rebutan pinter, rebutan maju-majuan. Wah… ngguya… ngguayaan. Ngunu kui loh jaman saiki. Jaman now. Lho kok iso tekan ‘dunia’, sekalas dunia, padahal pitakonku nang ndeso wargomulyo. Jawabku, lha ndeso wargomulyo kui yo mesti keno efek’e cah. Contohe sing jelas, wong eropa tekan Nusantara, tekan Njowo. Lha saiki, mbalek nang pitakonmu kui: kapan modern kui melbu nang wargomulyo.



Hal utama sing awakmu kudu reti kuwi ngene: ono pekerjaan sing manual, ono pekerjaan sing sibuk nggo mesin. Nah, biasane sing diarani modern kui: pergantian seko manual menuju permesinan. Dadio pitakone mulai nyempiti: kapan nang wargomulyo geser seko kerjo manual menuju kepermesinan?

Jawabe, awakku gak reji jelas kapan gesere kui: kapan bajak alias traktor melbu nang wargomulyo, nah kui kan sing mulai nggeser seko macul manual menuju macul kepermesinan, dan kata orang: 



“Ngene iki lho kepenak. Ngene iki loh owake orang kesel. Dewe tinggal ngupahake wong sing nggowo mesin. Ngunu.”



Padahal, secara nggak langsung, seko gesere manual menuju mesin, dadio wong-wong mulai, mula-i, di manjaake alon-alon, sebabe wong sing biasane macul, ngebet macul saiki malah ongkang-ongkangan karo udat-udat udud, dadine menongso serba dikejar munggoe kecepatan. Perkoro kerjo, kudu’o cepet. Nek rak cepet. Ketinggalan. Nek rak cepet, rak komanan. Ngunu kui kan? Ilongo lagu Nasida Ria, Tahun Milenium.



Sak islene, sing paling mencorong tanda-tandane modern kui, ditandai telong perkoro sing utomo: pertama, transportasi, keloro telekomunikasi, ketelu informasi. Telu kuwi kabeh, ditandai seko teknologi, utowo perkoro telekomunikasi. 



Moden kui isone melbu karo banter nang Nusantara kui sebabe mergo Nusantara kui ‘Merdeka’. Seplok merdeka dadio wong Indonesia kui muser nang kekuasaan utama, yo kui, Presiden. Aturan-aturane kui seko prisiden utuwo komplotane presiden (MPR, DPR, DPRD dan seteruse), di gerakke kabeh meng daerah-daerah nusantara. Tukar-informasi, tukar pengetahuan (wong nggolek ilmu menyang Jowo), karo wong nggoleh duet (nang kota-kota gede): dadio wong-wong mulai ngerti daerah-daerah liyane. Seko daerah liyane, pas bali nang wargomulyo, nggowo sesuatu sing anyar. Alasane, luwih-luwih kepenak. Luweh rak kesel, luwih ora kesel. Dadio tambah ces-pleng perkoro teknologi.


Ditambah maneh, pendidikan kuwi mulai ono. Sing maune, nggolek ilmu nang nusantara paling banter perkoro agomo utowo kanuragan: seplok kemerdekaan, orientasi pengetahuan kui ‘berdaya’ diri untuk menyamaratakan ‘pengetahuan’ uwong-uwong Eropa, luwih-luwih system pendidikan sing di enggo kui, semodel nerusake kelas-kelase wong Belanda. Pertama-tama sing ngenggo model ngunu kui, Pak Yai Dahlan nang Jogjakarta (antarane ngunu) nyampurake pelajar umum karo agomo, sebabe backgrone wong nusantara kui pancen wong-wong sing beragama. sebabe meneh, kelemahan wong-wong nusantara kui perkoro ilmu sing umum, sing umum ramene nang ndunyo. Mulo dikei ilmu-ilmu agomo.



Lha ngunu-ngunu kui, nang wargomulyo kui, keno efekke cah. Ngunu kui, modern sui-sui tekan wargomulyo. Sebabe, kendaraan sing pertama-pertamane nang wargomulyo kui larang (ontellah, sepeda unto utowo sepeti tik) sui-sui tambah larang. Sing maune mugur sebagian sing duwe sepedah, suwi-suwi kabeh nduweni sepeda. Terusane, tipi (Antarane mbiyen sing nduwe tipi kui nang wargomulyo muguro mbah Kaji Sanusi. Konon, Mbah Kaji Sanusi kuwi wong sing paling sugih nang wargomulyo. Wong sing paling sugih nang wargomulyo: sampe-sampe, mbiyen kae, nang kuputunda kae, nggone mbah kaji sanusi kabeh. Kabeh wong-wonge sing nang kuputundan kae, wong-wong sing ngerawangi mbah kaji sanusi. Di kongkon ngurusi sawah, terus dikei lemah, ditumbasaken kebo. Mbiyen mbajake isih nggo kebo. Ngunu kui awakku diceritani Mbah Wasnan. Dadine, nek pas lebaran, wong-wong kuputundan mestio nang nggone mbah kaji sanusi. Sebab, jasane mbah kaji sanusi munggone wong kuputundan kui gedi. Ngunu kuwi antarane tekan saiki, wong-wong kuputundan isih moro nang nggone ‘Pendopone’ Pak Lurah Kaji Sanusi.) sing pertamane jarang wong nduwe tipi, paling banter, nek nonton tipi nang nggone wong sing sugih. Neh ora ngunu ora nonton tipi. Nek dibandingke nang Indonesia, tahun 1970 an, tentu wis akeh tipi-tipi, tapi nang ndeso wargomulyo jarang. Sebabe maneh, nek dipetani, wong-wong wargomulyo kui seneng nyambut gawe (Getol nyambut gawe), basan-basane nggo munggah haji, mulane wong wargomulyo kui seneng agomo. Ditambah maneh, kiai ndeso wae, njupuk seko njowo, sing ngomonge, Mbah Kaji Nawawi wis ngerti nek Mbah Kaji Ibnu kosim kui wong pinter agomo tur alim.



Seko dasare ‘wong sing getol tur seneng agomo’ dadine orak patek mentingke perkoro sing kui nggayak-nggayak, sing penting kerjo, ngumpulake duet, mengko munggah haji (iki wae isih dugaan sementara: antarane ngunu kui. Nanging nek diceritani-ceritani, wargomulyo ancen ngunu kui. Wong-wonge seneng agomo. Tandane maneh. Nek mbiyen-mbiyen mejid-mejid tonggo ndeso isih elek, wargomulyo wis ngadek mejid agung sing gagah. Potongane sing saiki koyo ngunu kae. Renovasi sejauh ini gak drastis: isik-isik koyo mbiyen: malah-malah podo kelong, ditambahi paling setitik. Yo kui, ono ‘profil’. Nanging, potongan mejid ket pertamane koyo ngunu. Nek kurang ngandel, takono, utuwo iling-ilingo) dadine perkoro sing nggo ngayak-nggayaan kui ora pate’o penting. Opo kui perkoro sing ngayak-nggayaan: tanda utamane soko teknologi. Pikir-pikir maneh, nek teknologi kui akeh-aken nandaake sing nggo ngayak-nggayaan. Pikir jal. jal pikir. Nek males, yo uwis. 


Seplok modern kui, modern ngambah Wargomulyo, dadine yo koyo saiki. Luweh-luweh pengaruh ‘ces-plenge’ globalisasi. Ditambah maneh, seko onone telekomunikasi, hape-hape mulai murah, technology mulai dadi barang si murahan (hehe kesane kok koyo ngunu. Sebabe ngene cah, mbiyen kui Hape isih larang. Bahkan Kartu Sim nggo hape kui larang. Tur sing duwe kui, pancen sing sugih. Nek saiki, kabeh omah nduwe. Alasanne: luwih kepenak-luwih kepenak. Dikit-tahu, dikit-tahu, apa-apa kan tahu, mudah.) ditambah meneh, jamane wis nganggu kuotanan, yo kui jaman sing internetan. Pengaruhe internet kui gede. Iso deleng kono, deleng kene. Iso moco kono, iso moco kene. iso ngerti kabar kono, ngerti kabar kene. dadine yo, awa’e dewe iso mbiji dewe perkoro jaman sing saiki. 



Efek kuate opo? Nek deleng wong-wong eropa (wuih kelase wong-wong eropa lho. Padahal, isik ngomong wargomulyo, mbandingene wong eropa. Jawabku, ini jaman now, hehe, kita bisa melihat kehidupan orang eropa: caranya? Ketik eropa, maka muncullah dunia eropa) manusia lalai akan kemanusiaannya, manusia kelalen karo tujuane manungso, manungso ditekan realitas, manungso dihinggapi rasa-rasa ingin memiliki, manungso lali tujuane opo, manungso ditekan perkoro duet dan materi, manungso inginnye bersenang-senang di dunia, ingin membahagiakan anak-cucu, mementingkan kepentingan canggah-canggahe, bahkan manusia lali marang tuhane. Byuh… byuh... ngunu kui lho jaman saiki. Mulane, akeh wong sing mbalek maring agomo. Khususe pun nang Indonesia: ilingo kasuse Pak Gubernur Jakarta, gara-gara ngunu kui: demone sak mbalarah-mbalarah.



Opo kui? Tentang agomo cah.. cah…



Nanging, seringe, tur ngaranku (entuk kan ngaranku. Lha nek ngaranmu piye jal?) gara-gara wong cinta (hehe bahasa cinta ki. Opo kui cinta? Apem paling. Opo yo lemper. hehe) marang agomo kuat-kuat, dadine ilmu agomo kui terkesan kaku, terkesan koyo’o mekso, koyo’o gaya-gayane puinter temenanan. Gaya-gayane sok-sok sibuk keperfikihan. Sibuk kepernajisan. Sibuk tentang perkoro sing kefikihan (padahal, nek mitane sejarah agomo nang Nusantara kui, melbu seko’o kepertasawufan. Yo kui ilmu sing ngenggo roso. Tur Pak Yai, Pak Yaine, ora ngangel-ngangelake umate. Para Yai, ngukur tenanan mungguhe umate. Gak di pekso kudu ngene… ngene… ngene… gak dipekso kuduo dipekso kuduo ngene.. ngene… tapi, nek si murid wis siap tenanan marang agomo, barulah diatur sedemikian rupa. menjalankan ini itu dan uakeh tenanan. Nagging jaman saiki, ilmune isih titik, gayane wis ceramah tur nyeramahi, gayane wis kandan mengandani, nang ngarep, nyekel mik: ngucapake hadist enteng tenanan. Ngucapake al-quran, mulus tenan. Kesane wis pinter tenen. Luwih-luwih, ‘sok’ kepinter. (Ini bukan masalah suka dan tidak suka, atau pengejekan terhadap status-status penyampai agama. Atau karena saya tidak mempunyai-kedudukan-jelas pada agama, artinya berceramah atau menyampaikan ilmu agama secara fakta, atau mengajari: didalam pikiranku, masih ragu, dan seakan diembeli pertanyaan: apakah saya pantas untuk menyampaikan agama? Bisa-bisa si pendengar malah tidak menuju ‘kesungguhan’ agama, malah jadi ‘kepayahan’ untuk beragama.) kadang meneh, malah harus begini, harus begini. Padahal urip kui ora perkoro agomo thok, ono dunyane. Luwih-luwih, sak isline: memange ibadah kui nggo sopo cah? Ngibadah kui ‘efek’ nggo sopo?


Ngunu kuiloh sing sering dicekel marang wong-wong mbiyene dewe. Urip kui kudu seimbang: yo dunyo, yo akhirat. (kui sih sak penilaianku, ngukure wong-wong wargomulyo ndisek, wong biyen: kerjo getol, ibadah yo ora lali. Sing lali memang ono, sing dablek memang ono. Wajar. Nanging, prinsip keseimbangan kui sering ditawarke wong-wong filsuf cina dulu: keseimbangan. Alasane, karena cina kui yo asia, yo subur lemahe.) terus mbalek maneh nang modern nang wargomulyo:



Yo ngunu kui koyo mau sing tak njelentreake, modern kui mesti bakal teko, nah jamane saiki tambah ces-pleng sebabe wis kudu tekane. Mbalek maneh karo pitakonmu: seplok kapan modernitas kui ono nang wargomulyo? Utowo, seplok kapan modernitas ngambah nang wargomulyo: jawabe, seplok akeh mangsane wong podo sekolah. Seplok jamane Indonesia merdeka, yo kui seplok tahun 1945 Masehi. Artine, seplok Indonesia merdeka Wargomulyo juga keneng imbase tujuan Negara: opo kui? Mencapai kemajuan, kemajuan secara pembangunan dan kemajuan secara pengetahuan. Mulane sekitaran tahun 1945 masehi, mulai akeh pertukaran manusia dari sana kemari, dan dari sini ke sana. Ngunu kui kan pembacaan sejarahe? Demikian.

Belum ada Komentar untuk "Modernitas Wargomulyo"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel