Sejarah Islam di Wargomulyo


Foto: M.A. Khoiri Mejid Agung Wargomulyo

Sejarah islam di Wargomulyo itu ada, yaitu sejak manusia di Desa Wargomulyo itu ada. Begini: sejarah agomo islam nang wargomulyo kui ono, seplok onone manungso nang wargomulyo. Sak hurunge kui, nang wargomulyo iku isih sepi manungsane. Malah bahkan durung ono babar blas, sakdurunge kui wargomulyo kui isih alas. Alas kui yo tempat sing durung di panggoni manunggso. Tempat sing blukar. Tandurane kui podo tukul dewe-dewe. Wit-witane sembarangan, ono wit randu, waru, kopi, jambu, rambutan, winong, dan lain sebagainya; pokokmen alas.

(Nek perkoro ono, palingo yo kui babakan malangga –nek saiki gunung batok kae. Gunung batok sing wong-wonge sundo. Atau, wong sundonan nang nggon antarane Pak Kaji Husni: mergo sukune sundo. Koyone nek suku sundo kui, wis moro disek nang territorial desa pardasuka. Sebab, ndeso wargomulyo kui, sak durunge diarani ndeso wargomulyo, isik melbu ndeso pardasuka)

Nah sejarah agomo islam nang wargomulyo kui, seplok onone wong sing manggoni ndeso. Sopo kui, mbah nawawi sak bolo-bolone. Nah posisinya, mbah nawawi kui seko njowo wis mbelbu islam. Posisine ngunu, mergo mbah nawawi pindah soko jowo kui tahun 1930 an. (Ngunu kui, cerito soko pak lurah. lurah utowo wong-wong sing saiki dadi mbah-mbah), tahun 1930 an, nang njowo tentu wis rame perkoro agomo. Lha wong NU wae lahire tahun 1926 masehi, sementara Muhammadiyah iku 1912 Masehi, dan pas tahun 1912 Masehi juga, ono perkumpulan organisasi agomo yokui Sarekat Islam, ketuane H. cokromaninoto. Wis ono pileme, sing dadi pemeran utamane, Mas Reza Rahadian.

Lan sakdurunge NU utuwo Muhammadiyah ono, tentu wae islam nang njowo kui wis nyebar. Ngunu kui, penyebaran islam nang njowo mergo kerajaan-kerajaan nang Nusantara wis okeh. Nek telusuri maneh, kerajaan-kerajaan nang nusantara kui, uwis kerajaan-kerajaan islam. Nek ndeleng meneh (atau membaca sejarah Nusantara) moko sekitaran tahun 1200 masehi, kerajaan islam mulai ono, mulai ngadek. Dan bersamaan dengan itu, berprosese waktu, mulo kerajaan-kerajaan islam tambah okeh, tambah okeh, dan terus uwong-uwong membutuhkan ilmu munggo agomo, mulakne ono pesantren.

Pesantren kui, panggonan sing nggo ngaji. Intine ngunu. Panggonan nggo nemen-nemeni ilmune agomo islam. Pesantren kui, dadi dasar ilmu pengetahuan enggo wong Nusantara mbiyen. Ngunu-ngunu kui, mbah-mbahe dewe mbelajare soko agomo. Ngajine alip-bak tak, karo ngerungaake ceramahe poro yai, ngerungaake ngaji-ngaji. Wektune ngaji kui, bar asar dan diteruske maneh bar magrib, dan karo bar isak, teruse bar subuh. Nek isuk tekane sore, wong-wong podo nyambut gawe. Opo penyambut gawene? Lha wong nusantara kui sugih lemah, lemah sing subur, mulo wong nusantara kui isone yo nyambut gawe tandur-temandur, kui nyambut gawe sing pokok. Terusane ono tukang, dan peralatan keperluan sandangan, pangan, utowo prabotan rumah tangga. Utowo dagang. Sing di dagangi, tentu wae, keperluan pokok-pokok mau kui: yo prabotan umah-tangga di tambah sayur-mayur utowo buah-buahan.

Sing sore, mbudal ngaji. Nek magrib solat nang langgar utuwo masjid. Ngajine, alip-bak-tak, utuwo ngerungaake ceramah poro yai.

Ngunu kui sing dadi panutan mbah-mbahe dewe. Ngunu kui, nek mbah-mbahe dewe ora sekolah nang nang nggon Belanda, utowo sekolah wong-wong kompeni (asal-usul kata kompeni yokui Company), koyone nang jaman sakdurunge merdeka, sing sekolah kui wong-wong gedean, yokui anak-anake Bupati utuwo Rojo, nek wung bioso; yo biasa wae.

Nah sejarah islam nang wargomulyo kui, onone yo seplok wong-wong njowo kui, Mbah Nawawi Cs, meng lampung. Barulah ono islam nang wargomulyo. Gaya islame, tentu wae gaya islam sing umum nang nusantara, yokui koyo-koyo kiai pada umume. Artine jaman mbiyen durung ono islam model NU, islam model Muhammadiyah, utowo islam-islam lainnya. Pokokmen islam khas nang nusantara; opo kui pedomane, islam sing Ahlusunahwaljamaah, aliran sunny, akeh-akehe madhabe imam syafi’I, Mandan-mandan kelebon tasawuf, ilmu tasawuf atau ilmu toriqoh: ngunu kui islam yang umum nang nusantara.

Seplok onone jaman kolonialisme (jaman iki, ora mugur Nusantara doang sing kelebonan wong eropa, Mesir juga mbarang. India juga mbarang) mulo wong-wong sing nduwe agomo, atau wong-wong beragama, mulai geger, sebabe manungsane mulai diserang kolonialisme; penyerangane awale gak perang secara fisik, melainkan dagang, sing sui-sui, soko perdagangan mengusai pasar. sui-sui iso menjajah seluruh nusantara. Seplok kui, mulo organisasi-organisasi keagamaan nggawe perkumpulan, ono sing arane Sarekat Islam (perkumpulan dagang sarekat islam), ono Muhammadiyah (organisasi sing tawaran utamane pendidikan nggo wong islam, nanging modelnya nggak klasik. Modele gak pesantren. Melainkan modele koyo modelle pendidikan belanda) ono Nahdatul Ulama (organisasi perkumpulan kiai-kiai, pondok pesantren nang nusantara; lebih-lebih nggo wong ndeso-ndeso. Mergo umume kiai-kiai kui manggone nang ndeso) nah seplok onone kui, mari-mari islam nang ndeso wargomulyo keno imbase.

Luwih-luwih, seplok mantu pertamane Mbah Kaji Nawawi, Kaji Nurhadi, kui wong Muhammadiyah, mulane ono: islam muhammadiyah nang ndeso wargomulyo. Ditambah mane, mantune Mbah Kaji Nawawi sing ping pindo, Wan Hamid, kui wong NU, mulane tambah kenceng onone islam Nahdatul Ulama. Ditambah maneh, jamane sing mbiyen isih nusantara, saiki jamane wis Indonesia. Tentu wae wis ono perbedaan sing mencolok, seko jamane Nusantara beralih ke jamane Indonesia.

Seko gaya-gayane islam muhammadiyah, mulo ono sekolah nang wargomulyo sekolahan muhammadiyah. Dan islam NU, mulone ono sekolahan sing model NU, opo kui sekolahan muhammadiyah? Mbiyen kui, sekolahan sanding Mejid Agung kui, didadeake sekolahan muhammadiyah. Nah sekolahan NU kui, saiki dadine Madrasah Ibtidaiyah Al-Huda.

Tokoh-tokoh islam nang wargomulyo kui sopo? Jawabe, yo kui wong-wong sing ono nang wargomulyo: nanging, ono siji keunggulan –apakah ini layak dikatakan keunggulan? Entahlah—nang wargomulyo, yokui ono kiai ndeso, yoiku Mbah Kaji Benu Kosim. Sing Mangku Masjid Agung Wargomulyo. Nek isuk mbarang marai ngaji. Nek bar magrib mbarang marai ngaji. Dan Mbah Kaji Benu Kosim kui melu toriqoh, sui-sui, seplok mbah benu kosim ninggal, digantilah Guru Toriqoh (mursid) dadine Mbah Parno (mbah parno kui ngomong-ngomonge murite Mbah Benu Qosim), dan pas mbah parno kui ninggal, digantilah guru toriqoh, dadine kang Sya’ban (Kang Sya’ban kui ngomong-ngomonge murite Mbah Parno). Ngunu kui lho ceritane toriqoh.

Nah soal mejid agung; mejid agung kui, pusate mejid nang wargomulyo. Mbiyen Wargomulyo kui Mandan gedi. Wargomulyo kui, tekan sukodadi. Sukadadi sing saiki kae, mbiyen yo ndeso wargomulyo. Berarti mbiyen juga kampung tengah plus sidodadi kui yo mesti ndeso wargomulyo. Laopo di sebut kampung tengah. Mergo mbiyen kui tengah-tengah. Tengah-tengah antara wargomulyo lan pujodadi cs. Sebabe maneh, mbiyen nang sidodadi ono sekolah. Mulo wong-wong tuo saiki, ono sing ngarani kampung sekolahan (penyebutan tempat kui, untuk menandakan daerah agar lebih mudah). Panggonan sekolahane nang nggon jejere umahe Mbah Jono saiki. Sing mbelajari kui, bapae mbah Jono, yokui Mbah Dolla Sidiq (Abdullah Sidiq). Mbah Dola Sidiq iki adine Mbah Nawawi.

Lha kae, Mbah Munir kae, isih tunggale Mbah Benu. Ngomong-ngomonge, mbah munir kon ngurus utowo marai ngaji nang daerah kunu, pujodadi sak deretane. Ngunu: pokoe maneh, islam kui ono seplok onone manunggso sing nduweni agomo.

Nek ditakoni, “Laopo nulis utowo ngabari perkoro sejarah ndeso utuwo sejarah islam nang ndeso?”

Jawabku, “Ben ngerti.”

“Nggo sopo?”

Jawabku, “Nggo sopo sing pengin ngerti. Khususe, nggo awakku dewe.”

Nek ditakoni, “opo yo kui kabeh bener?”

Jawabku, “Nek kui salah, yo dibeneri. Nek awakmu kurang percoyo, yo takon-takono. Ngunu kui po ora.”

demikian

Belum ada Komentar untuk " Sejarah Islam di Wargomulyo"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel