Wejangan Bab Urip


Pitakonmu kok aneh, to Fik, Urip iku yo koyo ngene iki. Deleng’o wong-wong sing mblarah iku , kae yo podo urip lho, Fik. Sak jan-jane maksud pitakonmu iku piye to, Fik? Sing marai angel nang pikiranmu iku piye?

Ojo’o di gawe soal koyo uwong-uwong eropa, Fik.

Ojo’o digawe ribet koyo uwong-uwong pinter, Fik.

Kadang wong-wong pinter iku solot suwi yo solot aneh. Wis nggenah-nggenah urip kok yo ditakoni maneh. Tapi jenenange wong sekolah, yo ngunu iku, Fik:

Serba takon

Serba pingin ngerti

Serba pingin ngerti banget

Serba banget-banget pengen ngerti.

Nek di piker maneh, wong-wong sekolah iku: pancene wong-wong sing gak reti. Soale takon-takon ngunu, apalagi wong-wong filsafat. hehe:  yo kan koyo ngunu, takonane aneh-aneh:

Kepiye iki asal-usule urip?

Kok iso koyo ngene iki?

Kok iso yo urip kok ngene?

Aseline urip iki kepiye janne?
Dadi urip iku, ngunu iku: aseleni, nek dilakoni wae, yo tetapan urip:

Wong urip iku kudu mangan.

Wong urip iku kudu due sandangan.

Wong urip iku kudu due papan alias umah.

Seterusnya, wong urip kui dhuwe aturan, lha kepiye aturane iku digawe. Perjalanan waktu, Fik. Bebarengan karo melaku, solot suwi, wong-wong podo dhue aturan:

Ojo ngene, ojo ngunu

Api’e ngene, ngene api’e

Kudune ngene, kudune ngunu

Nah, aturan kui, solot sui, solot berubah, alasane kerono dunyo iki yo melu ‘berubah’. Piye berubahe dunyo?

Dudu alame sing berubah.

Dudu langite sing berubah.

Dudu watune sing berubah.

Tapi uwong-uwonge sing solot sui solot maju:

Mbiyen urung ono listrik, saiki wis ono.

mbiyen urung ono tipi, saiki wis ono.

Mbiyen urung ono internet, saiki wis ono.

Mbiyen durung sekolah, saiki kudu alias wajib sekolah.

Alasan utamane iku uwong-uwong ‘ngenggo akale’, uwong-uwong niru sing ‘negara’ maju.

Saiki mbalek maneh nang gon pitakonmu, opo kui urip?

Urip iku yo ora mati.

Urip iku yo wis ono.

Urip iku isi melek.

Urip iku iso di sawang marang wong liyane.

Urip iku yo seserawungan marang liyane.

Urip iku yo ono aturane.

Urip iku kudu duwe aturan.

Ngunu kui lho aseleni urip. Lha saiki nek di gandeng karo agomo: agomo iku Fik, nggowo aturan—aseline kue yo wis ngerti ‘kan?— aturan sing kepenak nganggo urip, lha kepiye pena’e, ngene, Fik:

Nek kue percoyo marang Gusti Pangeran sing dueni jagat, opo sing mbok awitirno, hayo? Iki bab tentang rukun iman, Fik—

Lha kabeh-kabeh iki sing dueni Gusti Pangeran, dewe iki yo mugur numpang, opo sing di awatirno?

Gak nduwe duek? Yo kerjo.

Gak nduwe cewek? Yo golek.

Gak nduewe mobil? Yo tuku.

Gak nduewe duek nggo tuku mobil? Yo ojo tuku.

Nek meriang? Yo diobati.

Nek gak due nduet nggo ngobati? Yo priekso sing murah.

Nek blas gak due duet nggo perikso? Yo utang.

Ndue duek, dibayar. Ngunu. Urip iku gampang kok, Fik. Mulone, percoyo marang gusti pangeran, sing nduewi jagat iki, sing nguasai jagat, sing nguasani kabeh manungso.

Agomo? Ojo diangel-angel.

Urip? ojo digawe angel, Fik.

Gaweo uripmu, gampang, pasrahno marang Gusti Pangeran, wayahe ngibadah, yo ngibadah. Wayahe nyambut gawe, yo nyambut gawe.

Wahaye nakal? Ojo melu-melu.

Wayahe mbeler agomo? Ojo melu-melu.

Wayahe solat? Solat.

Ngunu lho Fik.

Wis, saiki, mlaku’o uripmu, percoyo’o marang Gusti Pangeran. Yakin marang Gusti Pangeran.

Ngunu yo…

Belum ada Komentar untuk "Wejangan Bab Urip"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel