Zamane Teknology

Jamane mpun kados niki, Fik, ilmu pengetahuan diedeng-edeng, ilmu pengetahuan dadi system sing kuat dan ketat. Akeh uwong pinter omong. Awakmu, mending, ojo melu-melu urunan akeh omongan, luwih apik meneng. Luwih apik awakmu sibuk marang awakmu dewe: benlah nek uwong kui ngomong awakmu egoism—memange sing ngomong gak egoisme, memikirke awake dewe, memikirke keluargane dewe, memikirke kerjanane, memikirke tugas-tugase; saiki ancen zamanne ngunu, kerja sosial iku angel banget, bahkan kerja sosial kui koyo-koyo’o diberlakukan (mugur berlaku) kanggo wong-wong sing bodo. Sing pinter yo podo ndelik. Sing pinter yo podo males. Mergo gengsi, mergo laopo kumpul-kumpul kerjo bareng-bareng, lha awakku yo duwe tanggung jawab.

Tanggung jawab sing kui mesti dijalanke. Tanggung jawab sing kui kudu aku sing ngerjaake. Koyo’o opo? Laporan-laporan. Koyo’o nguati kepinteran. Koyo’o apalan. Sebab jamane mpun kados niki:

Wong-wong seneng sing arane penampakan demi penampakan.

Wong-wong seneng sing arane akeh apalan ben terkesan pintar.

Wong-wong seneng sing diomong-omong hebat, keren, wah.

Wong-wong seneng sing akehe hapalan demi hapalan.


Sak beneren ngunu iku yo wajar. Lha ngunu iku kan urip?

Sejak era yunani kuno, sampai era kontemporer: urip tetap sebagiamana urip. Yen menungso kudu mangan, sandangan, omah-omahan. Manungso kudu kerjo, nggo sing mangan kui. Kerjo kui ngumpulake ben iso nggolek mangan.

Nek uwis gedi, mbojo, nduwe anak. Saurungi duwe anak tentu awakmu kudu mbojo. Ngolek mbojo. Nggolek wong wadon sing biso turu bareng. Yen nek wis ngunu mulo uripe bareng. Nggolek mangan bareng. Bahasa liane, ngumpulake nggo iso mangan. Artine kerjo.

Nek jaman biyen, wong-wong lanang berburu golek kewan. Sing wadon ning umah momong. Engko sing lanang bali, ngowo kewan lan wong wadon sing oseng-oseng opoyo njangan opo kewan sing entuk kae. Nek mbengi turu, durung ono tipi, durung ono hape, opomane internet. Gak ono lampu, anane geni. Geni kui juga, nek mbengi di pateni. Mergo geni iku biso mbakar sekebahen.

Suwi-suwi, manungso iku tambah maju. maju kui artine sui-sui uripe luwih kepenak. Luweh menaake manungsane. Manungsane dewe. Umume, ngunu kui ono sang kuto-kuto, ngendi kui kuto-kuto? Mesir, mbiyen kui yo wis kuto. Maksute kuto iku, akeh kumpulane wong-wong. Lan negoro bagian barat iku, sing sui-sui ndongolake ilmu-pengetahuan. Yo kui, pas jaman sa’uwise kemajuan islam, menyatlah pengetahuan Yunani maneh. Dadio mesin-mesin. Dadio industry-industry. Dadio technology.

Sui-sui technology kui tekan ngendi-ngendi. Sui-sui, kabeh terpengaruh oleh technology. Sing deso, kui yo ketinggalan. Nanging nang kutone, yo mesti ono. Mergo ono technology, sui-sui pekerjaane kui yo macem-macam. Ono sing nggaweni technology, wis gak ono sing berburu. Nah, saiki kui jamane ngunu.

Kabeh-kabeh akeh informasi. Informasi seko tipi, radio, seko internet: awakmu, sing penting tanggung jawab nggo awakmu. Ngerjani opo sing awakmu kerjane, tujuane opo: ben iso mangan. ben iso ngurip-nguripe anak-anakmu. Nek di omong, materi banget. Jawabo, ngene-ngene iki yo isih ibadah yo..

Belum ada Komentar untuk "Zamane Teknology"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel