Nasihat: Berpikir Islam Realistis



Selama ini, lha kepiye mikirmu jal? Mbahasa ake islam. Islam iki ket biyen yo ngunu kui. Nek awakmu keangelan mikirke agama islam, tak tuduhi nggo mikir sing gampang. Mikir sing alon. Mikir sing nerimo. Tujuane, ben pikiranmu anteng. Ben atimu ayem. Ben utekmu adem. Sing sui iki nggengeri awakmu, agomo islam kan?

Jaman saiki akeh wong sing pinter. Jaman saiki dunyone tambah buka’-bukaan. Jamane pamer-pameran. Bahkan kabeh-kebeh sing dipameri iso dadiake duit. Jadi ute’ke menongso jaman saiki, kelabekan karo sing jenengane duit-duitan, pingin-pinginan. Nggo awakmu:

Sing penting kue lulus sekolah, yo… 

Sing penting isih rajin shalat.

Sek rajin sinau al-quran.

Tetap’o rajin nang mejid. 

Islam kui, nggo awakmu dewe: tancepen kui kuat-kuat nang pikiranmu, nang atimu: islam kui nggo awakmu dewe. Nggo pikiranmu dewe. Nek pancen kue iso ngabari wong-wong, wei’o reti. Nek iso ngandani, yo dikandani.

Sing penting ojo mekso.

Sing penting ojo nyakiti atine wong.

Maksute nyakiti atine wong, ngene: pokok men, niatmu lilahita’ala. Niatmu gak nyakiti; nek awa’e merasa tersakiti, maka yo jalok’o ngapuro mareng gusti allah. Kerep’o awakmu moco istigfar. Ojo isin-isin marang pangeran sing kui gede pengapurane. Ilingono, awakmu iki akeh duso. Rupo dusone: duso sing gak ketoro atau duso sing ketoro: ilingono, Allah iki ngerti sekabehane, Allah iki ngutus malaikat sing nyateteti opo-opo sing kue lakoni: 

Jalane batinmu atau jalane pikiranmu, atau opo-opo sing ketoro.

Ilingono, ket jamane poro nabi, wis ono wong-wong sing mblubut. Wis ono wong muslim sing gak solat. Wis ono wong-wong sing nentang poro nabi. Ilingono al-quranmu, bukane kue ngerti titik-titik maknane al-quran? Belajari’o terus al-quranmu. Ojo lali, nek al-quran, tekan saiki isih berlaku. Dadi, nek ngunu kui: yo kue kudu sabar:

Sabar iki nang jero atimu

Sabar iki nang jero utekmu.

Dadi kue penting ngawasi gerak-gerik utek lan atimu. Jogo tenanan penyakit utek lan atimu. Ojo’o disi’i mekso mareng nggo agomo; ilingen, tugasmu kui nyampeake, ngilingake, menden-medeni, karo ngabarake berito sing apik nggo wong sing ‘muslim’. 

Lebih-lebih maneh, urusi’o awak’mu disek. Tambahono ilmumu. Tambahono pengetahuan imanmu. Karo-karo, ati-ati di gudo ‘legine’ dunyo. ‘sedape’ nafsu; nek napsu menungsomu dituruti, mesti, kue pingine ini itu, ini itu, dan seteruse.

Mulo, sabar’o, dan tetap’o nerimo. Ojo yo gumede. Ojo yo rumungso iso. Ngaku’o nek kue ora iso. Ojo di pekso-pekso. 

Islam kui, damai. Nek awamu urung damai karo sing jenenge islam. Berarti awakmu durung damai. Damai iki opo?

Damai iki atimu nerimo sing kabeh dinakdir sangking pangeran.

Damai iki nek pikiranmu nerimo karo opo-opo sing dadeake awakmu koyo saiki.

Damai iki, nek pikiranmu wis ‘nyampur’ marang wong-wong sing ‘muslim’, sing tenanan ‘islame’; dadine uripmu iku bakal anyem, sebab duewi konco sing pirang-pirang, konco opo? Konco satu lebel, yakni wong-wong sing percyo marang Allah karo wong-wong sing parsah maring takdire Allah.

Dadi dunyo iki pancen tentang wujud-wujud sing kudu saling menyaling, dukung mendukung: ojo’o awakmu sibuk ngole’I bedone wong-wong muslim mau. Sing genah, tepo’o dadi siji: yo kui wong islam.

Dadi nek kue kerjo, di selimuti wong-wong sing duweni label ‘islam’. rupane kerjo, opo wae kui: sing genah, podo nang lebele islam.

Ngene-ngene iki asline ‘gampang’ kan? Sesuatu yang sederhana ‘kan? 

Tapi ilingono, jaman saiki kui jamane pamer-pameran—kue ojo melu-melu.

Jamane wong mikirake awak’e dewe—kue ojo melu-melu. Nek kue takon: lha mau ngongkon aku kon ngurusi awa’ku dewe, saiki malah ojo kon melu-melu. Maksute piye?

Jawabku, sekali pun kue ngurusi awakmu dewe, tetep’o kue nyampur samba ngurusi wong-wong liyo. Bukane dalam perjalanan waktumu, awakmu sibuk banget mikir’ke wong-wong dan kue lali mikir’ke awakmu dewe? Asline ngene ini, mugur agak merubah ‘pola-pikirmu’ sebabe, kue pancen dinas utuwo dinakdir dadi wong sing mikirke wong-wong liyo.

Saiki balek, nang islam realitas:

Piye kui? Tetap’o kua apik mareng wong tuomu, mareng dulur-dulurmu, mareng kanca-kancanmu, mareng mejid, ojo lali shalat jamaah, ojo lali sinau. Ngunu yo…



Mugo-mugo ditambahi paham maring gusti allah. Amin.

Belum ada Komentar untuk " Nasihat: Berpikir Islam Realistis "

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel