SURAT BUAT ANAS: Pengaruh Globe Boso-boso Sing Nubruk Nang Pikiran




Bismilahirahmani rahim,

Kabehane puji mbalek nang nggone Allah. Solawat Salam, munggo kanjeng Nabi Muhammad saw, kanca-kancane, karo keluargane, nggo ulama-ulama sing tekan saiki ono. Amma ba’du:

Ngene maksudku, Kang. Ceramahmu mau, ‘wenehi’ ngerti nggo awakku, ngilengake nggo ‘kepahamananku’, bahasa saiki: “Ceramahmu menginspirasiku untuk menuliskan suratku ini.”

Isi suratku iki, dudu tentang ngomentari isi ceramahmu, opo maneh ngiritik opo sing awakmu omong. Uduk iku, maksudku—wis, di gawe gampang aku setuju karo opo sing awakmu omongke: ono wong sing paham islam, ono sing melu-melu--, maksudku kui tentang bahasa. Wis ngunu tok. 

Ngopo sampean pidato campur bahasane? Kadang bahasa Indonesia, kadang bahasa jowo: padahal, sing gampang di mudengi, maksute, sing gampang di pahami nggo ‘akal’ alias utek, iki boso jowo: lha opa sampean nggo bahasa sing campur-campur?

Bahkan boso jowone pun, nyampur: maksute, gak cetoh: opo yo kui boso kromo opo inggil? Opo kui boso jowo kasar? Nyampur! Padahal sing gampang mudeng nggo ‘akal’ boso asli kaume.

Nang gone quran ono keterangane: 

Wama arsalna min rosul in illa bi lisan in kaum ihi liyubayyinalahum fayudillu allahu man yasya’u wayahdi man yasya’: wahual ‘azizul hakim. Suratan Ibrahim.

Lha opo kudu boso asline? Yo men wong-wong sing dikandani kui ngerti tur paham. 

Bukane nyeramahi kui, ben wong ngerti alias paham opo sing diceramahi?

Nek wong nyeramahi kui, ben sing nyeramahi tambah paham opo sing ngerteni.

Tambah meneh, ben petunjuk islam kui tenanan, sekaligus, al-quran kui sek tenanan. 

Dadi tugase ‘ulamak’, utowo uwong sing ngerti islam: tugase kui, yo koyo-koyo poro nabi sing wis keliwat:

Nyampeake, nek Allah itu ono, nek akhirat kui ono, nek Neroko iku ono: dadi, yuk podo tobat, podo’o ibadah. Podo yo wedi karo Allah. Podo yo percoyo karo Allah. “Woi menungso, sembah’o Pangeranmu (yoiku Allah) sing dadiake awakmu karo wong-wong sak durungmu, ben kue takwa.”

Ngilingake, ngei’ kabar seneng nggo wong sing podo percoyo, sekaligus meden-medeni. Hehe

Asline tujuanku, iku mugur takon:

Lha opo sampean ceramahe campur-campur? Asline nggo sopo ceramahmu iku: mbo’an nggo wong deso kan? 

Ngertio—hehe—klamit wae, bahasaku, nggo kui: jaman saiki boso iku angel tenan, opo maneh boso jowo: maksute, boso jowo sing nggo aturane jowo. Masalahe, boso iku orak tau di nggo. Kok biso? Jamane ngunu. 

Lha nang sekolahan gak ono ‘boso’, nggo bahasa Indonesia.

Lha saiki sing sering: boso inggris karo boso arab.

Berbahasa ‘Boso’ jowo, jarang di enggo. 

Pernah, aku tau di kongkon Pak Muhdi, kon boso. Jawabku, “Lha pripun pak, belajarku iki, jarang tenan belajar boso jowo: sing dipelajari, bahasa inggris, bahasa Indonesia, bahasa arab: sing dibiasaake nggo boso kasar, sementara waktune sing akeh kui nang sekolahan, sementara bahasa sekolahan, gurune kui, nggo bahasa Indonesia: terus pripun?” kiro-kiro ngunu, intine ngunu. Pak Mudhi yo seperti biasa, mesam-mesem. 

Intine maneh, aku titip kaleh sampean—hehe seakan-akan iki opo wae. Hehe—supaya kalau ceramah, nanti meresep nang atine wong-wong sing ngerungaake: resepane opo? Nek sing wis iman, kui yo tambah imane. Nek sing kurang iman, yo nambah sergep imanne. Nek sing sek mblubut agamane, mudah-mudahan rodo tobat. Bahasa liane, sampean ‘duwe’ kewenangan nggo nyampeake. 

Sekali pun jamane, maju: jamane wis ono internet, akeh para kiai, akeh para dai, akeh para penyampai agama, tetap wae: nek keimanan kui yo kenyataan. Opo kui kenyataan? Yo iku sing kedadian langsung mungguhe tiap-tiap awak-awakan.

Ilingo, jaman kanjeng nabi iku, al-quran koyo ‘wong’ ngomong lho ya! Persis wong ngomong. Dilalah, wis kersane Allah: nang arab iki biyen ahli persyairan: dadi, secara otomatis, uwong-uwong nek ngomong iku mesti jos tenan bahasane. Ndungo wae keren tenan: puitis. Contohe ndungo qunut, dan dungo-dungo opo wae: mesti puitis. Hadist, yo persis plek wong ngomong. Sebabe, hadist kui, yo pancen ‘omongane’ kanjeng Nabi. 

Ngunu wae.

Poko’e maneh, ojo dianggep aneh-aneh, tekone suratku iki: aseline, surat iki, yo mbelajari awakku mbarang. Nek islam iki, cetoh tur nyata. Mugur wae, awakku kesilep karo ‘umpru’e’ jaman. Sing genah maneh, awakku butuh awakmu, dan awakmu butuh awakku: kita kan sama! Sama-sama islam. Sama-sama orang-orang yang menyerah. Sama-sama orang yang ‘pasrah’: pasrah bukan berati tidak melakukan apa-apa? Pasrah bukan berarti tidur-tiduran saja. 

Klamit, nek kasar bahasaku. 

Nek kasar tekone suratku.

Nek kasar tindak-tandukku.

Asli: aku ini isih belajar.

Nek sampean takon: “Opo iki ngandani?”

Jawabku, “Ngandani awaku, lewat awakmu.”



Rabbi zidni ilma warzuqni fahma. Amin

Belum ada Komentar untuk " SURAT BUAT ANAS: Pengaruh Globe Boso-boso Sing Nubruk Nang Pikiran"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel