Keberadaan Bahasa


“Seko ngendi asal-usul bahasa sing terusane ndadiake asal-usul pengetahuan? Maksudku, darimana asal-usul bahasa yang kemudian menjadi asal-usul pengetahuan? Bahwa pengetahuan itu ialah tentang penguasaan kebahasaan; bahasa dokter, bahasa listrik, bahasa mesin, bahasa manusia, bahasa guru, bahasa-bahasa lainnya. Artinya, ketika hendak menjadi sesuatu bakal berhubungan dengan kebahasaan!” kata Tofik.

Kemudian si Anu menjawab, “Ah awakmu kui mbahase aneh. Aneh munggohe jaman sakmene. Sing genah, urip iki ora mugor perkoro bahasa.”

Tofik berkata, “Pancene ngunu, urip iki ora mugor perkoro bahasa. Tapi nang ngendi-ngendi iki kasus pengetahuan iki yo bahasa; nek wong iso bahasa koyo-koyone wis pinter. Wis ngaku pinter. Wis ngaku sing jos. Wis ngaku sing temenan. Wis-wis liane.”

Si Anu menjawab, “Areppo ngomongmu ngunu, areppo benerre ngunu. Tetep wae, urip iki ora mugor perkoro bahasa. Urip kuwi fakta realistis. tak kandani—mugo-mugo awakku gelem tak kandani—ngene:

Keberadaan Bahasa

Asal-usul bahasa iki nang nggone hidup kehidupan mlaku secara otomatis pas wong kuwi sesrawungan kalian wong liane. Alias bebojoan. Nek takon laopo bebojoan? Jawabe, kuwi manusiawi bahwa manungso kuwi dueni hasrat seksual koyoyo kewan. Bahasa umume, manungso kuwi ndueni nafsu, nah diantara nafsune kuwi yo kuwi nafsu seksual. Seko nafsu seksual kuwi banjur manungso ngandung. Bar ngandung, terusane manungso kuwi dueni anak.

Nah proses duweni anak kuwi. Pas cilek anak kuwi cedake karo wong tuone, khususe mamak. Nyusu nang nggone mamake, soyo gede anak kuwi mulai bertingkah. Nek ora bertingkah mestine anak kuwi ndueni kalainan seko anak-anak liaye, mergone anak-anak kuwi pada umume koyo ngunu: bertingkah.

Nah tekane bertingkah, anak kuwi soyo suwi soyo ndueni pikiran. Iso nangkep opo-opo sing kelebon nang nggone anak kuwi: yo kuwi informasi-informasi.

Pertamane ora ono jeneng. Terusane nggo mbedaake perkoro iki karo perkoro iku, mulane dijenengi.  Nah anak-anaku kuwi, nangkep jeneng-jeneng sing diomongke seko wong tuwone.

Anak-anak kuwi nyerep, akhire dadi komunikasi karo wong tuane. Sui-sui, bocah kuwi tambah akeh pengetahuan bahasane, khususe bertujuan nggo mahamke karo wong tuone dewe. karo lingkungane bocah kuwi.  Tujuane, tentune kanggo si bocah kuwi urip, urip sing kuwi ketemu karo bahasa demi bahasa wong tuone plus lingkungane.

Suwi-suwi lingkungan kui ono pendidikan, mulane bahasane kuwi yo keno efek karo pendidikan. Sing jenenge pendidikan kuwi macem-macem rupane, pancene tujuane kuwi kanggo urip-uripan, kanggo mempertahanke sing arane urip; urip sing piye? Yo kuwi urip sing koyo wong-wong sing wis tau urip.

Pancene wong sing pinter kuwi, wong sing ngerti okeh bahasa. Bahasa opo? Bahasa sing nganggone ilmu kuwi! Ilmu kuwi seko turun temurun. Lha ilmu kuwi, di jiret kanggo tulisan. Mulane saiki okeh tulisan. Tulisan kuwi asline mewakili omongan sing temenanan. Suwi-suwi okeh wong sing pinter, nah pintere kuwi kedeleng seko tulisan karo omongan, mulane wong sing pinter kuwi ketorone wong sing iso nulis karo sing iso ngomong.

Pancene urip kuwi ora mugur tulisan karo omongan, tapi yo fakta realistis. tapi tetepo fakta-realistis kui terhubung karo tulisan karo omongan. Ngunu. Saiki ngene wae? Nek awakmu arek pinter, mulo rajin-rajino belajar sing kuwi perkoro bahasa. Tapi, yo ono tapine,” ndredel omonge Si Anu.

“Opo kui tapine?”


Jawab si Anu, “Awakmu kudu menghubungke karo wong sing sak durungmu kui. Nek awakmu pengin iso bahasa-dokter, mulo awakmu nyedak alias menghubungke karo wong sing arane dokter. Nek ora ngunu, mestine uripe yo ora kedaden nang jerone kenyataan urip. Nek awakmu menghubungke karo wong sing kui dokter, mestine, nek awakmu paham bahasa dokter, engkone awakmu bakal belajar (nek jaman saiki Praktek Kerja Lapangan; nek jaman saiki, dadi asisten) karo Dokter mau. Carane melu-melu dokter sing wis kedaden dokter mau. Dadi, saiki piye pengetahuan bahasamu? Tak kadani: kuwi nggo dadi syarat ben awakmu iso melu karo gurumu kui.”


Dzulhijah 1440 Hijriah

Belum ada Komentar untuk "Keberadaan Bahasa"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel