Nasihat: Masjid Itu Milik Allah, Sebab Kesamaan Prinsip: Monoteisme



Awakmu mbene sadar yo, nek mejid kui, nggone Allah. Tancepen, mesjid kui nggone Allah. Sebabe sing ngibadah kabeh nang jero mejid, yo kui hambane Allah. Dadio nek kui ngerameake mejid, sebenere awakmu ngibadah yo nggo awakmu, dewe. Wis pokokmen ling ibadah di niati lilahita’ala.

Salah nek awakmu niat ngibadah pingin dipuji menunggso—iling, kabeh pujian iki mbalek marang Allah.

Salah nek awakmu niat ngiibadah nggo wong-wong—iling, awakmu ngibadah iki nggo nyelamatake awakmu dewe.

Salah meneh nek awakmu niat ngibadah nggo awakmu dewe—iling, sombong setan iki ‘mementingke’ awake dewe.

Pancen nek ngibadah iki nggo nyelametake awa’e dewe, tapi nek malah niat, iki yo mesti nggo Allah. Mbalek nang gusti Allah. Nggunu yo…

Pahami, niat iki koyone gampang, tapi asline, gak segampang nek kue apal tulisan: “Aku niat lilahitangala.” Bibirmu pancen ngucap ngunu, tapi atimu, bedo. Dadi, niat kui, dipasang juga khususe pun nang atimu, sehinggo nang atimu merembet nang bibirmu. Terus hasile, bibirmu ngucap:

“Aku niat lilahi ta’ala..”

Koyone biasa yo. Koyone sederhana. Tapi awakmu kuliah filsafat lho ya… biasa bukanlah se-sederhana orang-orang mengatakan biasa. Sederhana bukanlah se-sederahana orang-orang berkata sederhana. Ilingo, kanjeng nabi atau poro nabi, nek pikir-pikir meneh: kui wong-wong sing uripe cara mikire ‘biasa’ lho ya….

Sing penting nyekel: iman marang gusti Allah. Selanjute iku perhiasan atas keimanane tersebut; jadi ojo salah tangkap nek poro nabi iku sugih-sugih bondone terus atine gak selalu nemplek marang Gusti Allah. Kanjen Nabi Sulaiman misale, sing sugih sing dadi rojo: opo yo rojo iki sugih? Sugih iki ukuran opo jal?

Kekuasaan. Dan kepemilikan, atas nama kemanusiaan.

Tapi ilingono, bahwa atine kanjeng Nabi Sulaiman kui mantep mareng gusti allah. Tetap nyekel kuat-kuat marang Gusti Allah; kepemimpinane kui tahta sing ditetapake mareng Gusti Allah. Ngertio, nek awakmu iman tenan mareng Gusti Allah: mesti, awakmu gak bakal ‘kapusan’ sesuatu yang ono nang dunyo, sebab, kabeh kui nggone gusti allah.

Nah nek mugur ngomong atau nulis, kui gampang: tapi nek nerapake nang awakmu, atau utek atau atimu, asli, ngunu kui gak gampang.

Saiki mbalek maneh nang mejid.

Utekmu kudu cerdas nangkep kalimat iki, “Mejid iku umahe Gusti Allah. Awakmu reti kan: sopo kui gusti Allah? Ilingono ngaji dasar-dasarmu, aqidatul awamlah: nang kono ono tulisan ‘Ma’rifatullah’, yo kui dijlendreake marang sifat-sifate Gusti Allah: wujud, qidam, baqo dan seteruse. Dadi mejid kui tetep umahe gusti Allah. umahe. Iling: umah. Iling, awakmu pelajar filsafat. Maksudku, dienggo’o metode filsafamu nggo njlendreake makna: Umahe Gusti Allah! Ilingo: salah nek awakmu mada’ake Gusti Allah marang mahluk titik.” Dadi, buango mikirmu, nek mesjid kui:

Sing due wong desomu.

Sing due mbah-mbahmu.

Sing due lingkungamu tok.

Ilingo, gunane Mejid kui nggo ngibadah. Sementara, kabeh manungso, khusesepun wong muslim, kui kawulane Allah, kui hamba Allah: sing di kongkon ibadah mareng gusti Allah.

Arek mejid kene, kunu, kono, kana, ngende wae: tetap mejid iki tujuan utamane nggo sujud, alias shalat. Dadi, nek awakmu makmurke mesjid berarti makmurke omahe Allah; uduk makmurke mejid ndeso iki, ndeso iku, ndeso-ndeso sing liane. Inti pokekmu, awakmu ngibadah marang gusti allah. Kui inti pokoke.

Nek ono sing takon, la opo awakmu solate pindah rono, pindah rene?

Jawabo, aku pingin solat nang kunu, pengen shalat nang kene.

Nek ono sing takon, la opo kok gak istiqomah nang siji mejid?

Jawabo, aku durung iso istiqomah nang siji mejid, isik mangsane ‘kelayapan’.

Nek ono sing desek, bukane istiqomah nang siji mejid iku apik?

Jawabo, aku isih belajar istiqomah marang mejid.

Saiki, mergo awakmu kelayapan nang mejid-mejid liane, ilingono—nggo pemikiranmu dewe—anggep’o mejid kui sing gawe awakmu, sing ngrumati awakmu, sing ngurusi awakmu. Asli, aku ngandani iki, nggo ngilingake awakmu ben tambah kuat dalam aliran cinta, yakni cinta mareng gusti allah. wes lah aku gak nggo istilah cinta, tapi istilah seneng:

Aku ngajak awakmu ben tetep nang njero aliran seneng, seneng mareng Allah sing dueni sekabehane jagat. Intine, kui. Carane meneh, tetep’o sinau sifat-sifate kanjeng nabi, alias tetep’o sinau hadist.

Tapi ilingo, mejid pancen omahe Allah. Tapi ono sing ngurusi lho ya (mentang-mentang nggone allah njuk gak ono sing ngurusi, yo tetep ono)… yo kui, poro menungso. Poro menongso kui kumpulan njuk nuding wong-wong sing layak dari ‘pengurus’: ngurusi ini-itu, ini-itu, awakmu pahamlah. Mbalek maneh, tapi intine, iki intine: sak akeh-akeh pengurus, kui mugur ngurusi ‘omahe’, mugur ngurusi ‘wujute’, intine: ben wong ibadah iku nyaman lan ‘bangunane’ iso di gunaake.



Ngunu yo…

Belum ada Komentar untuk " Nasihat: Masjid Itu Milik Allah, Sebab Kesamaan Prinsip: Monoteisme"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel